warga purbalanjar
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.

Banyumasan: Anyar

Go down

Banyumasan: Anyar Empty Banyumasan: Anyar

Post  tahenk Fri Sep 04, 2009 1:32 am

Kedaulatan Rakyat
ANANE wulan puasa pancen ngrejekeni meh kabeh wong. Jajal sih, sebab wulan Puasa awane kencot (kanggo sing puasa he..he..), persiapan kanggo buka puasa, akeh sing dadi katone kudu dianak-anakna. Madhang wengi sing maune cukup sega lawuh endog goreng, neng wulan puasa kudu ana inuman seger-seger, es degan, sirup lan liya-liyane. Wulan puasa wulan polah anyar.

Mulane neng wulan puasa, bakul degan laris, bakul kolang-kaling laris, bakul kabeh panganan laris. Babagan dodolan panganan, badhogan, neng wulan puasa laris manis. Durung menawa kanggo ngadhepi bada Idul Fitri, wong-wong padha mborong roti kaleng, nginuman kaleng, iwak banyu lan daging sapi-pedhet-wedhus-cempe-kebo-gudhel-ayam-ABG (Ayam Baru Gedhe).

Ngenteni bada, wong-wong uga nyiapna sandhangan anyar. Rejeki kanggo tukang dodol klambi, kathok, kudhung, kupluk, rukuh, sandal, sepatu uga paling top neng wulan puasa. Luwih-luwih neng tanggal likuran puasa, sing jenenge toko lan pasar sandangan kebek jibek neng wong-wong tuku. Sebab saking akehe wong maring pasar, uyel-uyelan, ndadekna copet melu baen panen rejeki. Clekat-clekut neng sak wong-wong sing padha nggembol dompet isi Rupiah. Sebab tukang copet uga panen, dheweke uga dadi bisa melu tuku topi-klambi-kathok-sepatu anyar neng wulan puasa.

Wulan puasa uga laris kanggo salon kecantikan. Ngadepi bada akeh wong sing padha kepengin duwe model rambut anyar. Wong sing maune dawa rambute, neng wulan puasa mlebu salon, bareng metu rambute cepak trogong. Sing kriting direbonding, rambute lempeng persis sapu duk. Sing raine ireng thung-theng, mlebu salon, bareng metu dadi putih bersih mengini. Saking ana sing kepengin putih banget malah dadi persis mayit urip.

Wulan puasa wulan prepegan kanggo tukang-tukang salon. Sebab prepegan, duwite akeh, kena nggo tuku beha lan kathok jerohan anyar. Ngadhepi bada, wong padha anyar rambute, kudhunge, topi kupluke, raine, klambine, kathoke, sandale, lan sepatune.

Sing padha ora duwe duwit, neng wulan puasa ya kudu duwe duwit kanggo tuku kebutuhan ngadepi bada. Mulane kantor bank kebek wong utang. Kantor Pegadean kebek wong nggadhekna mesin genset, mesin jahit lan perhiasan emas. Sing ora ngutang, ora duwe barang kanggo digadhekna akhire padha nekat, nyopet, nodhong, maling lan nggarong.

Wulan puasa uga dadi wulan rame kriminalitas. Sebab butuh duwit, kepepet, akeh wong padha malak. Kriminalitas neng wulan puasa munggah, sing kecekel ya akeh. Akhire wong sing manggon neng penjara akeh sing anyar. Wong-wong liya padha olih Tunjangan Hari Raya (THR), wong-wong jahat kuwe olih Tunjangan Hari Remuk (THR) digebuki wong lan polisi (ndean). Indonesia tembe baen nganakna pileg lan pilpres.

Mulane molaih neng wulan puasa siki akeh anggota dewan anyar, lan wakil presidene mengko uga anyar. Menteri-menterine mengko ya kaya-kayane akeh sing anyar. Sebab nalika nyalon wakil rakyat padha kentongan duwit - nggo wuwur - mulane nalika dilantik dadi anggota dewan, terus olih SK, langsung SK-ne disekolahna, utang anyaran! Sebab utange ngasi tekan setengah miliar rupiah, bisa-bisa kerja dadi wakil rakyat 5 tahun maring ngarep sing dipikirna mung cicilan utang. Saking mumet karo cicilan, mripate ngasi mecicil saben dina. Insomnia. Wakil rakyat utang, negara ya utang. Klop, rakyat tetep dadi korban, korban politik anyaran.

q - k Kang Edhon
tahenk
tahenk

Jumlah posting : 2009
Join date : 27.01.08
Lokasi : Jakarta Selatan

http://tahenk.multiply.com/

Kembali Ke Atas Go down

Kembali Ke Atas

- Similar topics

 
Permissions in this forum:
Anda tidak dapat menjawab topik