warga purbalanjar
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.

BANYUMASAN : J o g j a

Go down

BANYUMASAN : J o g j a  Empty BANYUMASAN : J o g j a

Post  tahenk Sun Dec 05, 2010 8:10 pm

kedaulatan rakyat

KAWIT gemiyen, sing jenenge gubernur lan wakil gubernur Jogja ya penggede Kraton Jogja. Raja Jogja kawit Indonesia merdeka ya mesti dadi gubernur. Ning siki ujug-ujug ana RUU sing bisa gawe ada-ada menawa gubernur DIY dipilih nganggo model pemilu. Rakyat Jogja akeh sing kaget banjur nggugat pemerintah pusat. Ning rakyat Jogja sing ora urus, apa malah setuju RUU kuwe ya ndean akeh, mung padha meneng baen.

"Bareng dipikir-pikir, demokrasi kuwe wujude ya pemilihan langsung. Indonesia negara demokrasi. Ning sejarah perjuangan kemerdekaan, Jogja diwenehi stempel Istimewa, mulane gubernure ya Raja. Lah mumeti banget. Inyong wong Banyumas koh malah melu-melu mikirna Jogja. Ya untung baen inyong wong Banyumas. Bisa dadi gubernur Jateng, bisa dadi bupati Banyumas angger lulus njago Pemilukada, angger menang neng pemilihan langsung. Angger duwe duwit akeh he..he.." tembunge Wirya Pantek mbuka diskusi mdeangan karo Karto Ngethether.

"Gyeh..anane RUU mestine ya mau-maune ana sing kasak-kusuk prentahi wong-wong pusat, embuh kuwe maring kalangan eksekutif utawa legislatif kon gawe rancangan menawa gubernur DIY ngesuk-ngesuk olih nganggo modhel pemilu" Karto Ngethether nimbrung. Jerene dheweke, anane RUU ya sebab ana usulan embuh sekang sapa. Sing jelas, tembunge Karto, wong-wong sugih lan wong-wong pinter sekang Jogja kuwe akeh banget cacahe. "Bisa uga jebule wong-wong sugih lan pinter sekang Jogja kuwe akeh sing kepengin dadi Gubernur DIY ya ? Ujaren iyong tah ya aja gawe polah sing kebangeten kaya kuwe. Kepengin dadi gubernur ya pindah baen maring Semarang, Bandung apa Surabaya. Kepengin dadi Gubernur DIY tah cukup ngimpi baen sih ngapa ya Kang ?" Karto Ngethether nyrocos ngasi ngumpruk.

"Lho Rika nuduh maring wong-wong pinter lan sugih sekang Jogja sing ngawali gawe polah anane RUU kuwe Kang? Sing bener baen" ora dinyana Mbok Cengis melu kandha. Dheweke banjur nerusna crita, menawa sejarah anane gubernur DIY mesti ya Raja kuwe sing bisa kanggo mbuktikna istimewane Jogja. Daerah Istimewa Yogyakarta. DIY kuwe kudu dipatrekna tekan kapan baen, ora kena copot. Mulane Gubernur DIY ya Sultan. Titik.

Wirya Pantek manggut-manggut. Dheweke banjur kandha menawa sejarah Jogja dadi olih predikat Istimewa kuwe sebab jasa-jasane Raja lan Rakyat Jogja nalik perjuangan kemerdekaan gemiyen. "Lha..aja-aja rakyat Jogja siki ya akeh sing kepengin menawa mengko embuh ngesuk ana gubernur DIY sekang pilihan langsung rakyat Sebab sing maune duwe jasa, rakyat, siki akeh sing padha kepengin duwe Gubernur DIY sekang kasil pemilu, mulane apa apike dijajal baen ya Kang ?" ora dinyana Wirya Pantek malah takon.

"Lah mumeti temen. Sing penting angger Sultan sedawane dadi gubernur ora neka-neka, ora gawe gendra, ora gawe perkara ya tetep baen dadi Gubernur DIY sih ngapa. Pemilu kuwe mbuangi ragat sing ora sethithik. Mengko sak uwise kepilih, jebule gubernure malah korupsi, ya ora ana untunge Kang !!" Karto Ngethther nambahi penimu sederhana. (Kang Edhon)-s
tahenk
tahenk

Jumlah posting : 2009
Join date : 27.01.08
Lokasi : Jakarta Selatan

http://tahenk.multiply.com/

Kembali Ke Atas Go down

Kembali Ke Atas

- Similar topics

 
Permissions in this forum:
Anda tidak dapat menjawab topik